Senin, 19 Maret 2018

DRAMA BASA JAWA

SEKAR ARUM ING TUMAPEL Sore iku Akuwu Tunggul Ametung lagi lungguh ing dhampar denta. dedeg piadege kang gagah pidegsa, godheg wok simbar jaja, katambahan brengose kang nylaprang, nambahi tansaya gedhe kawibawane sang Akuwu. ing njaba katon sebane para mantri, bupati, kang kebak amber ambalabar angebaki ing palataran. Kabeh padha tumungkul hamarikelu wadanane. ora ana kang padha sabawa. kabeh hamung nunggu dhawuh pangandikane sang akuwu. Akuwu Tunggul Ametung : " Paman patih Surengpati. apa kabeh wis padha seba ? " Surengpati : " Amargi saking kawibawan paduka, sedaya sampun sami marak seba, boten wonten ingkang nyenthaloni dhawuh paduka sang Akuwu" Akuwu Tunggul Ametung : " sokur paman patih... " Surengpati : " Sinuwun... sejatosipun, wonten dhawuh ingkang pundi dene paduka ngawontenaken pasewakan ? " Akuwu Tunggul Ametung : " Paman patih... opo paman eling... yen dinane iki Tumapel lagi kena prahara kang awujud rampog. " Surengpati : " lajeng kersa jengandika kados pundi ? " Akuwu Runggul Ametung : " Bukaken kanggo ngaftar prajurit anyar. Aku kepingin oleh prajurit sing peng-pengan " Surengpati : " Mangestokaken dhawuh sinuuwun " Pasewakan dibebarne. kabeh kang padha seba padha mulih ing omahe dhewe-dhewe. Nanging ana nom=nomam siji sing ora bubar. Dheweke lungguh ana ing satengahe alun-alun. Surengpati : " Ki sanak... pasewakan wis bubar. Sliramu kok isih ana kene ? " Arok : " Ki Patih... kula kepingin dados prajurit wonten ing Tumapel " Surengpati : " Sapa jenengmu kisanak ? " Arok : " Nami kula Ken Arok Ki, kulo saking dusun Pangkur, putranipun nyai Ken Ndog " Surengpati : " Opo sing mbok andelake " Arok : " Kulo mboten gadhah menopo-menopo ki... namunh serat saking guru kulo niki sing dados piandel kulo " Surengpati : " Banjur sopo gurumu ? " Arok : " Dahnyang Lohgawe Ki " Surengpati : " Coba gawanen mrene suarate gurumu " Ken Arok ngadeg, surat saka Dahnyang Lohgawe diaturake marang Ki Patih Surengpati. Surengpati : " Arok.... Dahnyang Lohgawe iku sesepuh Tumapel. Sopo wae nom noman sing dipilih panjenengane, tartamtu nom noman sing wis peng-pengan. Yo.... kowe dak tampa dadi prajurit Tumapel. " Arok : " matur genging panuwun Ki.... " Surengpati : " Saiki kowe nduwenin kwajiban ngreksa kahyuwanane kulawarga Tumapel. Kowe kudu njaga keputren iki " Wiwit dinane iku Ken Arok wus dadi prajurit Tumapel. Nuju sawijining dina, Ken Arok ndherekake Tunggul Ametung mbebedhag. Ana ing satengahing wana, Ken Arok nyumurupi wentise Ken Dedes kang mencorong lir wulan purnamasidhi, kang kapinujo mudun saka rata. Arok : " Duh.. Dewa batharagung... Pranyata sang Prameswari sulistyane hangluwihi... katitik wentise kang mencorong mbalerengi, mracihnani yen Sang Dyah ayu wus ginaris bakal nurunake ratu ing tanah jawa. Hya.... yen kaya mangkono, aku kudu bisa anggarwa sang dyah ayu. Entenana wong ayu... pun kakang bakal golek cara murih kasemvadane gegayuhanku. " Ken Arok nggeblas nembus wengi. sedyaning manah arsa tumuju ing desa Lulumbang, saperlu nemoni Mpu Gandring kang kalokengrat wasis nyipta pusaka linuwih. Arok : " Mpu, kulo ingkang sowan. " Mpu Gandring : " Sinten nggih handiko meniko ? " Arok L " Kulo prajurit Tumapel Kyai,.... tinanggenah nyiptakaken pusaka linangkung... pusakanipun Akueu Tunggul Ametung " Mpu Gandring : " Mangestokaken dhawuh, nanging kulo betah wekdal setunggal warsa raden " Arok : " Mpu, kedangon sanget menawi kedah setunggal warsa. Pokok.. 3n3m sasi etanging kalenggahan punika [usaka kedah sampun dados. " Mpu Gandring : " Mboten saged saestu raden.. " Arok : " Embuh... ra urus.... sing baku 6 wulan maneh kabeh kudu wis rampung " Ken Arok nggeblas nembus wengi. sawise 6 wulan. Ken Arok nemoni Mpu Gandring maneh Arok : " Kados pundi Mpu " Mpu Gandring : " Ngapunten raden... menika taksih dereng rampung " Arok L " Mboten saged... kados pundi mangke kula badhe matur dhateng sinuwun " Mpu Gandring : " Raden sampun ngapusi dhateng kulo, kulo sampun m,angertosi sedanten menawi pusaka menika raden piyambak ingkang pesen" Arok : " Mpu.... Mpu Gandring : " Malah kula ugi sampun nyumurupi yen sejatosipun panjenengan si Raden menika estunipun kepingin.... Arok : " Mpu..... Pusaka linuwih disaut Arok, lan katancepake ing dhadhane Mpu Gandring, binaeung swara bledheg ing akasa. sanalika kunarpane Mpu Gandring kaya kasaput anpak-ampak, lan sdakedheping netra ilang saka pandulu.. kang ninggal swara.. Mpu Gandring : " Arok... sira wus netesake getih ing perdikan Lulumbang. Aku bakal tansah mbarengi pusaka adi, kanggo males pati kowe saturunmu nganti pitung turunan... tunggunen sabdaningsun... Swara ilang... arok amung dheleg dheleg ing pojok pacrabakan. nyawang wewayangan kang tansaya ilang ing tengayhing wengi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar